Jumat, 17 Oktober 2014

Upacara Adat Jawa


Tedhak Siten


Tedhak sitèn utawa tedhak siti iku salah siji upacara adat Jawa kanggo bocah umur 7 wulan. Upacara iki ing dhaérah liya ing Nuswantara uga ana, contoné sing diarani upacara injak tanah ing dhaérah Jakarta déning suku Betawi utawa uga ana sing ngarani mudhun lemah.
Tedhak sitèn iku asalé saka tembung tedhak utawa idhak lan sitèn (saka tembung siti) utawa lemah (bumi). Upacara iki kanggo perlambang bocah sing siap-siap njalani urip liwat tuntunan wong tuwa lan diselenggarakaké yèn umur bocah wis 7 wulan utawa 245 dina.

A.    Urut-urutane tedhak siten

·  Tedhak sega pitung warna (abang, putih, ireng, kuning, biru, jambon lan wungu)
·  Mudhun tangga tebu
·  Ceker-ceker
·  Kurungan
·  Sebar udik-udik
·  Siraman
           
B.     Keterangane urut-urutane tedhak siten
Ø Tedhak sega pitung warna yaiku bocah cilik dituntun maju nglewati lan nglampahi bubur kang di gawe saka beras ketan lan ana pitung werna. Yaiku abang, kuning, ijo, biru, oren, putih, lan ungu kang artine bocah mau bisa nglewati alangan ing uripe. Lan kanggo sakwise tuwa bocah mau ileng karo tanah laire.
Ø Mudhun tangga tebu arjuna yaiku bocah kang dituntun munggah medun saka tangga arjuna kang artine supaya bocah mau duwe sikap kaya arjuna kang watake satria lan tanggung jawab, senenge nglakokake kebajikan, nulungi wong, bela sing apik, lan berbakti kangge negara. Ing adat jawa tebu iku singkatane saka antebing kalbu kang artine supaya bocah mau jalanake uripe kang mantep lan tekad sing kuat.
Ø Ceker-ceker yaiku kegitan sakwise mudhun saka tangga tebu lan bocah mau dituntun ning pasir. Ning pasir iku bocah mau dolanan pasir nganggo sikile sing arti kiase kangge luru panganan. Maksude bocah mau sakwise dadi gedi bisa nguripi awake dewe.
Ø Kurungan bocah mau dilebokake ing kurungan kang sampun dihiasi janur lan kertas warna-werna.uga bocahe ora gelem melbu ing kurungan, ibuke ngancani bocah mau. Ing dalem kurungan sampun wonten isine. Isine yaiku buku, handphone, pari lsp sampe bocah mau mundhut salah siji barang. Barang sing dipundhut bocah mau nglambangke mbesok sakwise wes gedi. Contone bocah mau mundhut buku kang artine bocah mau mbesoke dadi wong pinter.
Ø Sebar udik-udik yaiku duwit receh kang dicampur kembang-kembang utawi beras kuning disebarke lan para undangan munduti duwit mau sing disebar kang artine bocah mau sakwise gedi bisa dadi wong kang dermawan, seneng nulungi wong liyo.
Ø Siraman yaiku bocah kang wis nglakokake kegitan mau diadusi nganggo banyu kembang kang artine bocah mau saged ngarumahake name keluargane. Sesampune siraman, bocah mau didandani ngagem klambi sing apik lan resik sing artine supaya bocah mau duwe jalan urip sing apik lan gawe keluargane bangga
C.     Makna Tedhak Siten
kangge nyedakake bocah karo ibu pertiwine, tanah kelairane. Kangge njalani uripe sing apik lan bener ing dunya iki, dadine urip nang dunya niki rasane penak lan seneng. Artine bumi lan tanah kelairane sampung maringi hal sing nunjang uripe menungsa.

1 komentar:

  1. Lucky Club Casino Site & Bonuses | Live Dealer Casino
    Lucky Club Casino is a modern gaming destination in the heart of the Las Vegas luckyclub Strip. The bright lights and bright lights of the casino add a touch of personality to

    BalasHapus